Sartono

Biasa diundang TONO, lair nang Trikarso, Sruweng, Kebumen, 16 Juni 1978 - esih jaman urung ana listrik. Tapi nek nang FB jenengku dadi Sartono Stoner, soale anu dadi korban diskriminasi, nek jenenge kur se-ukara, ora ulih gawe akun FB. 
Kaya bocah nDesa liyane, Tono cilik ya dolanane dir-diran, patok lele, layangan karo pit-pitan, trus nek sore ngrungokna sandiwara radio. Ngisi wektu saben dinane biasane kawit esuk wis meng sawah, ngrewangi nyirami tanduran palawija karo sisan adus. Nek wis mandan awan, mangkat sekolah, trus sore nyirami tanduran maning, karo bruwun kasile tanduran. Wengi kari mangkat ngaji, trus baline nguntili kasile palawija, dinggo didol esuke meng pasar nang biyunge.
Sartono Kelas IPS2 alumni SMU Negeri 1 Kebumen
Photo: Sartono sekarang
Ngobrolna sekolah, aku SD N 1 Trikarso, trus SMP N 1 Kebumen, SMA N 1 Kebumen, kelas: 1.1; 2.1; IPS2. Trus nglanjutna kuliah nang UNS Solo, jurusan Ekonomi Pembangunan. Jaman sekolah, aku anu ora patia gaul, soale sibuk nang sawah karo gawe bata, dadi ora akeh wektu nggo dolan. Jaman SMA mangkate nge-Colt kawit Pasar Tengok, jurusan Gombong-Kebumen. Kegiatan liyane, melu Pramuka (wajib yach?), trus Judo karo Magiana & Rahman Suprayogi.
Pertama kerja nang Surabaya, trus meng Jakarta karo Romdhon, trus meng Cirebon dadi Kepala Produksi & PPIC nang pabrik mebel rotan, trus anu dikongkon melu test CPNS nang wong tuwa, dadi siki kerja nang Pemkab Cirebon. Monggo mampir nek meng Cirebon, kontak bae. Aku manggon nang Palimanan, Cirebon. Anakku mbene siji, bojo ya padha bae, mbene siji 
Wis semono bae disit ceritane, sing jelas uripku tekan siki ya esih lewih akeh seneng-e tinimbang susah-e. Disyukuri bae, moga2 dadi barokah kabeh lelakon sing wis ditetepaken nang Gusti.
Berdasarkan email dari Sartono yang dikirimkan kepada Admin

Previous
Next Post »